Likhomsatun
Likhomsatun uthfi biha
Kharral wabaa il khatimah Al Musthafa wal Murtadho (Wabnahuma wa Fathimah.. 2x) { 4kali } Kulo gadah aji – aji limo Kanggo mbuka lawange suwargo Kangge nyirep geni Neroko Lan nyengkalani siksane Alloh (Lan nyengkalani siksane Alloh) Aji – aji limo wujud manungso Linuwih ilmu sumber tulodo Tindak lakune adoh ing olo Manah niate tansah waskito (Manah niate tansah waskito) Kanjeng Muhammad Rosulillah Sayyidatun Nisa Siti Fatimah Sayyidina Ali karromallohu wajhah Putro kekalih Hasan lan Husain (Putro kekalih Hasan lan Husain) |
Poro malaikat podo sholawat
Bumi lan langit sedoyo khidmat Jiwo limo kinasih Alloh Jiwo limo satruning doso (Jiwo limo satruning doso) Sinten kemawon kang nyolawati Kanjeng Nabi tansah nyafa’ati Marang limone yen nrisnani Gusti Alloh bakal ngridhani (Gusti Alloh bakal ngridhani) Mboten bakal ketrimo sholate Yen mboten maos sholawate Imam Syafi’i ngendikaake Niki bukti agunge drajate (Niki bukti agunge drajate) |
0 komentar:
Posting Komentar